Cara milih di TPS :
ngelingno wae ora usah nesu, sing durung tau nyoblos iki lho cara2ne cek gak kliru ny0blose tgl 9 sesok
1. Sak durung budal nang TPU aduso cek ketok mbois, sarapan, nek perlu sungkem nang wong tuo, gak usah ngadakno pengajian padane budal kaji ae
2. Teko TPU antri disik gak usah uyel2an koyok antri zakat, longgoh sing apik, sing lanang longgoh biasa ae gak usah metingkrang, koen kiro warung ta ? Sing wedok gak usah mekokok opo maneh petan nang kono
3. Tukerno surat pemberitahuan sing teko RT diijolno ambek surat suara, ojo kliru gowo surat lho yo, engko surat gaden koen gowo
4. Lek wis oleh surat suara ndang mlebuo nang bilik/kamar gae nyoblos, buka'en dhisik surat suarae engko pas kliru petugase ngekei surat nikah nang awakmu opo gak tambah galau lek sing jomblo, buka surate coblosen sak karepmu, lek nyoblos biasa ae gak usah atek mendesah
5. Lek mari nyoblos lempiten koyok asale ojo diuntel2 ndang koen kiro gombal, lebokno nang kotak suara, metu bilike mlakumu biasa ae gak usah koyok artis papan atas opo manen mlakue rodo lemes koyok mari lapo ae...
6. Lek wis mari, celupno salah siji drijimu nang tinta sing wis disediano petugase, driji ae, ojo liyane sing dicelupno opo maneh digae raup
7. Mari ngono ndang mulih wis gak usah bengok2 "aku mari nyobloosss..... ohhh, yeesss"... gak usah poto2an koyok arek alay
8. Tekan omah sujud syukur... Syukur dino iki prei.
Hee.hee sori artikel ini saya ambil dari posting temen.
Senin, 07 April 2014
Cara memilih
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar